Rabu, 25 Januari 2012

WEJANGAN JAWA DARI MBAH BUYUT BAB III

Kaidah 11
Luwíh bêcík ngasóraké rågå tinimbangané ngóngasaké kapintêran kang sêjatiné isíh nguciwani bangêt.
Ngóngasaké kapintêran iku satêmêné múng kanggo nutupi kabodhowané, jêr kabèh mau mêrga råså samar lan was sumêlang yèn ta kungkulan déníng sapêpadhané.
Tindak mangkono mau malah dadi sawijiníng godhå kang múng bakal ngrêrêndhêti lakuníng kêmajuwané dhéwé ing jagadíng bêbrayan.

CIRIKHAS ORANG LEMAH GEMAR UNJUK DIRI
(Lebih baik bersikap merendah daripada unjuk kepandaian yang kenyataannya masih mengecewakan sekali. Unjuk kepandaian itu sesungguhnya hanya untuk menutupi kebodohannya, semua itu karena perasaan khawatir dan was-was pabila ada orang lain yang mengunggulinya. Tabiat seperti itu menjadi salah satu godaan yang hanya akan menghambat kemajuannya sendiri dalam pergaulan).

Kaidah 12
Såpå wóngé síng ora sênêng yèn éntúk pangalêmbånå. Nangíng thukulíng pangalêmbånå iku ora gampang.
Kudu disranani kanthi pakarti kang bêcik lan murakabi marang wóng akèh.
Yèn múng disranani båndhå, pangalêmbanané múng kandhêg ing lambé baé ora tumús ing ati.
Déné yèn disranani pênggawé kang lêlamisan, ing pamburiné malah bakal kasingkang-singkang kasingkíraké såkå jagadíng pasrawungan.

MANAJEMEN PUJIAN
(Siapa yang tidak suka jika mendapat pujian. Tetapi tumbuhnya pujian itu tidak mudah. Harus ditempuh melalui perbuatan yang baik dan bermanfaat buat orang banyak. Jika hanya ditempuh dengan harta, pujian hanya sampai di bibir saja tidak menyentuh di hati. Jika ditempuh dengan perbuatan demi pamrih, di belakangnya hari akan tersingkir dan disingkirkan dalam pergaulan).

Kaidah 13
Généyå akèh wóng kang dhêmên nyatur alaníng liyan lan ngalêmbånå awaké dhéwé? Sêbabé ora liya margå wóng-wóng síng kåyå ngono mau ora ngêrti yèn pênggawé mau klêbu pakarti kang ora prayogå, mula prêlu dingêrtèkaké.
Awít yèn ora énggal-énggal nyingkiri pakarti kang ora bêcík mau, wusanané dhèwèké kang bakal diêmóhi déníng pasrawungan.

TABIAT BURUK PALING POPULER
(Kenyataannya banyak orang yang suka mencela orang lain dan memuji diri sendiri ? Sebabnya tidak lain karena orang-orang seperti itu tidak peduli bila perbuatan itu termasuk watak yang tidak terpuji, makanya perlu diperingatkan. Sebab bila tidak segera menghindari watak yang tidak baik itu, berakibat dia sendiri akan dijauhi dalam pergaulan).

Kaidah 14
Nggayúh kaluhuran liré ngupåyå tataraníng uríp kang luwih dhuwúr.
Dhuwúr laír lan batiné, ya tumrap dhiri pribadiné ugå sumrambah kanggo karaharjaníng bêbrayan.
Nangíng yèn kandhêg salah siji, têgêsé gothang.
Yèn múng nêngênaké kaluhuraníng laír gênah múng ngoyak drajat lan sêmat, isíh miyar-miyur gampang kênå pangaribåwå såkå njåbå.
Yèn ngêmúngaké kaluhuraníng batín, cêtha ora nuhóni jêjêríng manungsa, awít ora tumandang ing gawé kanggo kêpêrluwaníng bêbrayan.
Atêgês tanpå gunå diparingi uríp ing alam donya.

PRINSIP KESEIMBANGAN LAHIR-BATIN
(Menggapai keluhuran artinya berupaya meraih tataran hidup yang lebih tinggi. Luhur lahir dan batinnya, bermanfaat untuk diri sendiri juga berguna untuk keharmonisan dalam pergaulan. Namun bila mandeg salah satunya, artinya pincang. Bila hanya mengutamakan keluhuran lahir sama halnya mengejar derajat dan pangkat, mudah goyah (plin-plan) mudah terpengaruh oleh kemewahan dari luar. Bila menyepelekan keluhuran batin saja, jelas tidak mematuhi  hakekatnya sebagai manusia, karena tidak mengindahkan kaidah pergaulan. Berarti tiada guna hidup di dunia).

Kaidah 15
Sing såpå rumangsa nduwèni kaluputan, åjå isín ngowahi kaluputan sing wís kadhúng katindakaké mau.
Jêr ngakóni kaluputan mono wís cêthå dudu tindak kang asór, nangíng malah nuduhaké marang pakarti kang utåmå kang ora gampang linakónan déníng sadhêngah wóng.
Iyå wóng kang wis biså nduwèni watak gêlêm ngakóni kaluputané mangkéné iki pantês sinêbút wóng kang jujúr sartå kasinungan ing budi luhúr.

KEJUJURAN ADALAH ANUGRAH
(Barangsiapa merasa memiliki kesalahan, jangan malu merubah kesalahan yang sudah kadung terjadi. Sedangkan mengakui kesalahan sudah jelas bukan perbuatan hina, namun malah menunjukkan watak yang utama yang tidak mudah dilakukan sementara orang. Orang yang sudah memiliki watak bersedia mengakui kesalahannya adalah pantas disebut orang yang jujur serta mendapat anugrah menjadi orang yang luhur budi pekertinya.

Kaidah 16
Manungså uríp iku dibiså nguwasani kamardikaníng laír lan batín.
Kang dikarêpakê kamardikaníng laír iku wujudê biså nyukupi kabutuhaning uríp ing sabên dinanê såkå wêtuning kringêt lan wóhíng kangèlan dhêwê ora gumantúng ing wóng liyå lan ora dadi sangganíng liyan.
Dênê kamardikaníng batín iku dicakakê sarånå nyingkiri håwå napsu, adóh såkå asór lan nisthaníng pambudi, sêpi ing råså mêlík lan drêngki srèi, sartå tuhu marang paugêran uríp bêbrayan.

SUBSTANSI KEMERDEKAAN
(Manusia itu hidup sebisanya menguasai kemerdekaan lahir dan batin. Kemerdekaan lahir artinya dapat mencukupi kebutuhan hidup sehari-hari hasil dari keringat sendiri, dan hasil dari jerih payah sendiri tidak tergantung pada orang lain, serta tidak menjadi beban bagi pihak lain. Sedangkan kemerdekaan batin adalah dengan cara menyingkirkan hawa nafsu, jauh dari kehinaan dan kenistaan budi pekerti, tiada berpamrih dan iri dengki, serta setia dan patuh kepada kaidah kerukunan hidup).

Kaidah 17
Yèn kêpéngín diajèni liyan, mulå åjå sók dhêmên martak-martakaké, åpå manèh nganti mamèraké kabisan lan kaluwihanmu.
Pangaji-ajiníng liyan iku sêjatiné ora pêrlu mbók buru, bakal têkå dhéwé. Nudúhaké kêwasisan pancèn kudu bisa milíh papan lan êmpan.
Mulå kang prayoga kêpårå purihên åjå kóngsi wóng liyå biså njajagi.
Nangíng mångså kalané ngadhêpi gawé parigawé kêconggah mrantasi.

RAHASIAKAN KEBISAAN
(Apabila ingin dihormati sesama, jangan suka berkoar-koar,  apalagi sampai pamer kebisaan dan kelebihanmu. Penilaian orang lain (padamu) sesungguhnya tidak perlu kamu kejar, karena akan datang dengan sendirinya. Menunjukkan kepandaian memang harus bisa melihat situasi dan kondisi. Maka seyogyanya rahasiakan jangan sampai orang lain dapat menjajagi. Namun pada saatnya menghadapi pekerjaan berhasil menuntaskan).

Kaidah 18
Åjå sók ngluputaké, gêdhéné ngundhat-undhat wóng liyå, samångså kitå ora katêkan åpå kang dadi kêkarêpan kitå.
Bêciké kitå tliti lan kitå golèki sêbab-sêbab ing badan kita dhéwé, amrih kitå biså uwal såkå dayaníng pangirå-irå kang ora prayogå.
Kawruhana, yèn usadané watak apês síng njalari nganti ora katêkan sêdyå kitå iku, ora ånå liya, yå dumunúng ånå ing awak kita dhéwé.

KAMBING HITAM ITU TAK PERNAH ADA
(Jangan suka menyalahkan, bahkan mengungkit-ungkit orang lain, pada saat tidak kesampaian apa yang menjadi kehendak kita. lebih baik kita teliti dan carilah apa yang salah dengan diri kita, supaya kita bisa lepas dari pengaruh prasangka buruk. Ketahuilah, bahwa kelemahan dan kekurangan yang menyebabkan kegagalan harapan kita itu tidak lain berada pada diri kita sendiri)

Kaidah 19
Arang wóng síng bisa mapanaké råså narima marang åpå baé kang wís klakón digayúh. Yèn rumangsa kurang isíh golèk wuwúh, yèn wís olèh banjúr golèk luwíh, yèn wís luwíh tumuli mbudidåyå åjå ånå wóng síng biså madhani.
Wóng kang duwé råså mangkono mau satêmêné mêmêlas.
Uripé tansah ngångså-ångså, ora naté sumèlèh atiné.
Kanggo nuruti råså kang klèru kasêbút sók-sók banjúr tumindak ora samêsthiné lan nalisír såkå pakarti kang bênêr. 

PENDERITAAN SEPANJANG MASA
(Jarang ada orang yang merasa puas pada apa yang sudah dapat berhasil dicapai. Bila merasa kurang masih akan menambah, jika telah mendapatkan lantas mencari lebihnya, bila sudah berlebih lantas berupaya agar jangan ada orang lain yang bisa menyamai. Orang yang bertabiat demikian sesungguhnya sangat kasihan. Hidup selalu memaksakan diri, hatinya tidak pernah tenteram. Untuk menuruti watak yang buruk itu kadangkala bertindak tidak semestinya dan meleset dari watak yang benar)

Kaidah 20
Watak narimå mono yêkti dadi sihíng Pangéran, nangíng yèntå nganti klèru ing panyuråså biså nuwúhaké klèruníng tumindak.
Narimå, liré ora ngångså-ångså nangíng ora kurang wêwékå lan tansah mbudidåyå amríh katêkaning sêdyå, dudu atêgês kêbacút lumúh ing gawé, suthík ihtiyar.
Awít yèn mangkono ora jênêng narimå, nagíng kêsèt. Jêr watakíng wóng kêsèt iku múng gêlêm énaké êmóh rêkasané, gêlêm ngêmplók suthík tómbók, satêmah dadi wóng ora wêrúh ing wirang, siningkiraké såkå jagadíng bêbrayan. 

SIKAP MENERIMA BUKANLAH MALAS
(Watak menerima tentu menjadi kekasih Tuhan, namun apabila sampai keliru memahaminya bisa menimbulkan kesalahan dalam bertindak. Menerima, artinya tidak melebihi batas kemampuan tetapi tidak kurang akal dan selalu memberdayakan diri  supaya tercapailah cita-cita. Menerima bukan dimaksudkan sebagai tidak mau kerja dan enggan berusaha. Karena yang seperti ini bukanlah arti menerima, melainkan malas. Wataknya pemalas itu hanya mau enaknya saja, tidak mau jerih payahnya, bersedia makan tidak mau modal, sepantasnya lah menjadi orang yang tidak tahu malu, disingkirakn dalam pergaulan).


Bersambung,....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar