Rabu, 25 Januari 2012

WEJANGAN JAWA DARI MBAH BUYUT BAB II


Kaidah 6
Sugíh ómóng kanggo nggayêngakê pasamuwan pancèn apík.
Nangíng ngómóng múng golèk suwurê awakê dhêwê sók kêtrucút miyak wêwadinê dhêwê.
Pirå baê cacahê wóng kang kêplèsèt uripê múng margå sukå anggónê sugíh ómóng.
Mulå sabêcik-bêcikê wóng iku ora kåyå wóng kang mênêng.
Nangíng mênêngê wóng kang darbê bóbót kang antêb síng biså dadi panjujuganê pårå pawóngan kang mbutúhakê rêmbúg lan pitudúh. 

TIDAK SETIAP DIAM ITU EMAS
(Banyak bicara untuk menghidupkan suasana pertemuan memang baik, namun bicara hanya untuk mencari perhatian dan simpati pada diri sendiri, akan sering lepas kontrol dan membuka aib diri sendiri. Sudah seberapapun orang terpeleset hidupnya hanya gara-gara gemar membual. Maka sebaik-baiknya orang itu bukan seperti orang yang diam, namun diamnya orang yang memiliki bobot yang dapat menjadi tempat yang tepat bagi orang yang membutuhkan nasehat dan petunjuk)

Kaidah 7
Ing jagadíng sêsrawungan mono nyirík marang sêsipatan kang gumêdhê lan wêwatakan kang tansah ngêgúngakê dhiri.
Sipat lan wêwatakan mau adhakanê banjúr nuwúhakê råså ora lilå yèn nyipati ånå liyan síng luwíh katimbang dhèwèkê.
Mulå saibå bêcikê samångså såpå kang rumangsa pintêr dhêwê, sugíh dhêwê, lan kuwåså dhêwê iku gêlêma nglaras dhiri lan nglêrêmakê cíptanê kang wêning, yèn sêjatinê isíh ånå manèh kang Måhå Pintêr, Måhå Sugih, lan Måhå Luhúr.
Klawan mangkono råså pangråså dumèh lan takabúr kang dadi sandhungan pasrawungan biså sumingkír.  

MERASA DIRI PALING ADALAH PINTU KEHANCURAN
(Dalam dunia pergaulan seyogyanya menghindari sifat sombong dan watak yang selalu membesar-besarkan diri sendiri. Sifat dan watak tersebut biasanya menimbulkan perasaan tidak rela jika menemukan orang lain yang lebih dari dirinya. Maka alangkah baiknya bilamana siapapun yang merasa paling pinter, paling kaya, dan paling berkuasa hendaklah mengendapkan hati, mengheningkan cipta, bahwa sebenarnya masih ada lagi yang Maha Pandai, Yang Maha Kaya, Yang Maha Tinggi. Dengan begitu sikap  mentang-mentang  dan takabur yang menjadi batu sandungan dalam pergaulan akan menyingkir).

Kaidah 8
Luwih bêcík makarti tanpå sabåwå kang anjóg marang karahayóníng bêbrayan, katimbang tumindakê wóng kang rêkanê nindakakê panggawê luhúr nangíng disambi udúr.
Yêktinê tåtå têntrêm iku ora bakal biså kagayúh yèn tå ora adhêdhasar kêrukunan, dênê kêrukunan iku múng biså kêcandhak yèn siji lan sijinê pådhå biså aji-ingajènan lan móng-kinêmóng.

KASIH SAYANG ADALAH KUNCI KESUKSESAN
(Lebih baik bekerja tanpa perilaku yang dapat merusak keharmonisan pergaulan, daripada tindakan orang yang maksudnya melaksanakan perbuatan mulia tetapi sambil bertengkar. Sebenarnya ketentraman itu tidak akan terwujud bila tanpa didasari kerukunan, sedangkan kerukunan itu hanya bisa diciptakan jika satu sama lain saling hormat menghormati dan asih-mengasihi).

Kaidah 9 
Yèn atimu wis gilíg arêp gawé kabêcikan kanggo karaharjaníng bêbrayan, bêratên råså uwas marang pandakwå ålå kang ora nyåtå. Srananånå kanthi jêmbaríng dhådhå lan sabaríng nålå, amríh bisa nuwúhaké gêdhéníng prabåwå lan cabaríng sakèhíng piålå.

MENGATASI TUDUHAN BURUK
(Bila hatimu sudah bertekat bulat akan berbuat kebaikan untuk kesejahteraan dalam kehidupan bermasyarakat, jangan hiraukan kekhawatiran akan tuduhan buruk yang tidak benar. Landasilah dirimu dengan dada yang lapang, hati yang sabar, supaya dapat menumbuhkan besarnya wibawa dan sirnanya semua keburukan)

Kaidah 10
Wicårå kang wêtuné kanthi tinåtå runtút kang awujúd sêsulúh kang amót piwulang bêcík, ajiné pancèn ngungkuli mas picís råjåbrånå, biså nggugah budi lan nguripaké pikír. Nangíng kawuningånå yèn grêngsênging pikír lan uripíng jiwå iku ora biså yèn múng kagugah sarånå wicårå baé.
Kang wigati yaiku wicårå kang måwå tandang minångkå tulådhå.
Jêr tulådhå mono síng biså nuwúhaké kapitayan.
Luwíh-luwíh mungguhíng pårå manggalaníng pråjå kang wís pinracåyå ngêmbani nuså lan bångså. 

NASEHAT TERBAIK ADALAH PERBUATAN
(Tutur kata yang keluar secara tertata runtut yang berupa nasehat tentang ajaran yang baik, nilainya memang melebihi emas perhiasan, dapat menggugah budipekerti dan menghidupkan fikiran. Tapi perhatikanlah, bahwa semangat berfikir dan hidupnya jiwa itu tidak dapat hanya sekedar dibangun melalui tutur kata saja. Yang lebih penting yakni tutur kata yang dibarengi perbuatan sebagai suri tauladan) 


Bersambung,....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar