Rabu, 25 Januari 2012

WEJANGAN JAWA DARI MBAH BUYUT BAB V


Kaidah 31
Dêdånå utåwå sêdhêkah marang wóng kang lagi nyandhang påpå cintråkå iku sawijiníng pênggawé bêcík kang patút tinulådhå, saugêr pawèwèh mau ora kinanthènan panggrundêl kang nêlakaké ora éklasíng atiné.
Têtêmbungan kang lêmbah ing manah lan mêrak ati iku luwih gêdhé ajiné katimbang dêdånå kang ora éklas.
Suprandéné nulúng lan mènèhi pêpadhang marang jiwané wóng kang kacingkrangan iku kang sêjatiné luwih pêrlu lan wigati, katimbang múng têtulúng marang awaké kang awujúd kêlairan baé. 
MENOLONG BELUM TENTU TERPUJI
(sedekah pada orang yang sedang berduka nestapa itu perbuatan terpuji, yang patut dijadikan tauladan, asalkan pemberian tersebut tidak dibarengi sikap ngedumel yang membuat pudar keikhlasan di hati. Kalimat dan tutur kata yang sopan santun, rendah hati dan melegakan hati itu lebih besar nilainya dari pada sedekah yang tidak ikhlas. Lebih dari itu menolong dan memberi pencerahan jiwa orang yang sedang mengalami musibah sesungguhnya lebih perlu dan penting daripada hanya menolong secara lahiriahnya saja)

Kaidah 32
Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan têmbúng arís iku biså ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan.
Kósókbaliné watak wicårå kang kêras, kêjåbå kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå gampang nuwúhaké salah panåmpå.
Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús sarånå arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng, kari si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah.

JAGA INTONASI
(Muka ramah, tingkah laku tenang dibarengi ungkapan yang sopan dapat meruntuhkan hati serta menjauhkan godaan setan (hawa nafsu). Sebaliknya watak bicara keras, selain dapat membangkitkan amarah, juga mudah menimbulkan salah pengertian. Setiap perkara yang sesungguhnya bisa selesai dengan sarana kearifan dan ketenangan, terpaksa menjadi “beradu kuatnya kulit dan kerasnya tulang”, tinggal si “setan” katawa terbahak).

Kaidah 33
Wóng kang kulinå uríp mubra-mubru iku samangsané ngalami sandhungan uríp sêthithík baé adaté gampang kêthukulan gagasan lan gawé kang cêngkah karo bêbênêr, luwíh bêgjå wóng kang uripé pokal samadyå nangíng rêsík atiné.
Déné bêgja-bêgjané wóng iku ora kåyå wóng síng tansah uríp ing kahanan kang kêbak godhå rêncånå, prasasat tåpå ånå satêngahíng cobå, nangíng tansah tawêkal lan kandêl kêimanané marang adilíng Pangéran Kang Måhå Kuwåså.  

BERSIH HATI MEMBAWA KEBERUNTUNGAN
(orang yang terbiasa hidup tak kenal aturan itu, sewaktu mengalami sedikit saja kesulitan hidup cenderung tumbuh gagasan dan kerjaan yang melawan peraturan, lebih beruntung orang yang hidupnya biasa-biasa saja namun bersih hatinya. Sedangkan seberuntung-beruntungnya orang seperti itu tidak seperti orang yang selalu hidup dalam keadaan yang penuh kebatilan dan angkara, sama halnya bertapa di tengah-tengah cobaan, namun selalu tawakal dan tebal keimanannya kepada keadilan Tuhan Yang Mahakuasa)

Kaidah 34
Sipaté wóng uríp, iku mêsthi kêsinungan kêkuwatan.
Kang ngêrti biså ngêcakaké, déné kang ora biså ngêrti kurang digladhi, têmahan ora tumanja. Éwåsémono ngêmpakaké kêkuwatan mula ora gampang.
Buktiné ora sêthithík kêkuwatan kang êmpané ora mapan.
Kawruhana, yèn rusaké bêbrayan ing antarané margå såkå pakartiné pårå-pårå kang ngêrti marang dayaníng kêkuwatané nangíng ora kanggo nggayúh gêgayuhan kang mulyå, múng kanggo nuruti dêrênging ati angkårå. 

KELOLA KEKUATAN
(Sifatnya orang hidup itu pasti mendapat anugrah kekuatan. Yang sudah paham bisa mempergunakannya, sebaliknya yang belum bisa mengerti kurang diajari,  maka tidak akan berguna. Namun begitu menggunakan kekuatan tidaklah mudah. Buktinya tidak sedikit kekuatan yang digunakan tidak tepat. Ketahuilah, bila rusaknya kerukunan di antaranya karena watak para-para yang memahami daya kekuatannya, namun tidak dimanfaatkan untuk menggapai cita-cita yang mulia, hanya untuk menuruti dorongan hati angkara)

Kaidah 35
Katrêsnan kang tanpå pangrêksa iku dudu sêjatiníng katrêsnan.
Kênå diarani sêjatiníng katrêsnan kang múng kadêrêng lan kêna ing pangaribawaníng håwå napsu.
Dadi yèn ånå unèn-unèn ” trêsnå iku wutå” yaiku síng kaprabawan håwå napsu.
Síng prayogå iku mêsthiné kudu ngugêmi unèn-unèn “trêsnå iku rumêkså” biså salaras tumindaké.
Rasaníng katrêsnan kang cêdhak dhéwé tumrap sadhêngah manungså iku dumunúng ing awaké dhéwé.
Mulå såpå kang trêsnå marang sapådhå-pådhå iku aran trêsnå marang awaké dhéwé, tundhóné såpå kang tansah ngrêkså marang karahayóníng liyan, ora bédå karo pangrêkså marang kêslamêtané dhéwé.

HAKEKAT CINTA
(Cinta kasih tidak disertai sikap merawat dan menjaga bukanlah sesungguhnya cinta kasih. Dapat disebut cinta kasih yang hanya menuruti hawa nafsu. Terdapat kalimat “cinta itu buta” yakni cinta yang tercemar hawa nafsu. Idealnya harus  memegang pepatah “cinta itu memelihara” dapat sejalan dengan tindakan nyata. Rasa cinta yang paling dekat bagi manusia itu terletak dalam dirinya sendiri. Maka, barang siapa yang cinta kepada sesama itu sama halnya cinta pada diri sendiri, artinya siapa yang selalu menjaga dan memelihara keselamatan sesama, sesungguhnya menjaga keselamatan diri sendiri).

Kaidah 36
Srawúng ing madyaning bêbrayan iku kêjåbå kudu wasís milíh papan lan êmpan, ugå kudu bisa angón mångså lan mulat ing sêmu.
Åjå nggêgampang ngrójóngi rêmbúg kang kowé dhéwé durúng ngrêti prakarané.
Rêmbúg sêthithík nanging mranani iku nudúhaké bóbótíng pribadi.
Rêmbúg akèh nangíng ampang malah gawé sånggå rungginé síng pådhå ngrugókaké kêpårå njuwarèhi. 

BAGAIMANA CARA MENCAMPURI URUSAN ORANG LAIN
(Bergaul dalam bermasyarakat selain harus pandai memilih tempat dan suasana, juga pandai menempatkan waktu dan mawas diri. Jangan menggampangkan mencampuri urusan orang lain sementara kamu sendiri belum mengerti permasalahannya. Lebih baik, bicara sedikit namun mengenai sasaran, itu menunjukkan kualitas pribadi. Pendapat yang panjang lebar tetapi tidak berbobot justru membuat bingung yang mendengar bahkan dapat menjemukan)

Kaidah 37
Wóng kang wís têkan pêsthiné utåwå wis katimbalan bali mênyang jaman kêlanggêngan iku sêjatiné lagi kênå diwènèhi biji tumrap ajiné kamanungsané lan pakartiné nalikå uríp. Déné wóng kang isíh pådhå uríp iku pêrlu disêmak baé dhisík, durúng kênå dipatrapi biji, jêr kahanané isih bisa owah gingsír.
Sarèhné manungså iki sawijiníng titah kang luhúr dhéwé, mulå wís samêsthiné yèn kitå åjå nganti kayadéné sato kang patiné múng ninggal têngêr lulang lan balúng baé.
Nangíng bisowå kita nanjakaké uríp kitå marang pakarti-pakarti utåmå, sumrambahé marang karahayóning uríp bêbrayan.

BAGAIMANA HARUS MENILAI ORANG
(Bila ajal telah tiba, atau sudah “dipanggil” Tuhan kembali ke zaman keabadian, sesungguhnya baru dapat diberikan nilai kemanusiaan dan perbuatannya sewaktu hidup di dunia. Sedangkan orang-orang yang masih hidup sebaiknya disimak dulu saja, karena belum dapat dinilai, sebab keadaannya masih dapat berubah-ubah. Walaupun kodrat manusia merupakan makhluk yang paling mulia, maka sudah seharusnya kita menjaga jangan sampai seperti binatang, kematiannya hanya meninggalkan bekas kulit dan tulang saja. Namun kita harus berupaya memanfaatkan hidup untuk kelangsungan hidup bermasyarakat).

Kaidah 38
Mustikané wóng tuwå marang anak múng ånå ing laku kang gumati, gunêm kang rurúh, lan ujar kang manís.
Gumatiné dumunúng ing têpå tuladhaníng tingkah laku.
Gunêm lan ujar kawêngku ånå ing ucap kang istingarah numusi kajiwan, lan luhuríng budi pêkêrti.
Mula yèn ånå åpå-åpå, åjå sêlak marang sêbutíng paribasan : “Ora ånå kacang ninggal lanjaran”.

APA YANG PALING BERNILAI PADA DIRI ORANG TUA
(Mustika orang tua kepada anak berupa perilaku sayang kepada anak, kalimat yang menentramkan, tutur kata yang manis. Kasih sayang yang terletak pada perilaku yang utama, menjadi suritauladan. Kalimat dan tutur kata terletak pada ucapan yang menentramkan hati, merasuk mencerahkan ke dalam jiwa, serta dengan keluhuran budi pekerti. Oleh sebab itu, bila terjadi apa-apa yang tidak diharapkan, jangan keburu menyatakan “ora ono kacang ninggal lanjaran” atau tidak ada anak yang tidak meniru orang tuanya).

Kaidah 39
Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan iku gampang angèl.
Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging pikír samångså anggón kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå.
Aran gampang yèn kita biså mikír klawan wêníng lan mênêb.
Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal budi sêjati.
Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang mulús rêsík, ora kacampúran blêntóngé “si aku”.
Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi. 

KEHENINGAN FIKIR
(Menaggapi kehidupan di tengah pergaulan masyarakat itu gampang-gampang susah. Susahnya karena dapat mebuat fikiran keblinger apabila dalam membangun sikap mawas diri sudah terbalut hawa nafsu. Mudahnya, apabila kita mampu berfikir dengan jernih dan menahan diri (mengendapkan emosi). Menahan diri merupakan akal budi sejati. Yang dapat menjabarkan buah dari wawasan yang bersih tanpa cacat, maksudnya tidak tercemar oleh noda ke-aku-an. Apalagi bila kita teguh menguasai kebeningan fikir, walaupun kehidupan bermasyarakat terjadi kekacauan, maka tidaklah sulit kita mensikapinya).

Kaidah 40
Srêngên marang wóng mono åjå nganti kênêmênên lan kêliwat-liwat múng margå wis ngêrti yèn wóng mau ora bakal wani nglawan utåwå wís ora biså nglawan, síng èstiné múng arêp ngêdír-êdíraké drajad pangkat utåwå kadibyané baé.
Pakarti kaya ngono mau kêjåbå klêbu ambêg siyå, ugå wóng síng disrêngêni durúng karuwan bakal dadi bêcík, kêpårå bisa nuwúhaké råså sêngít.
Kang prayogå iku srêngên samadyå kang mêngku pitutúr murih bêciké.  

KEMARAHAN YANG BENAR DAN TEPAT
(Marah kepada seseorang jangan sampai keterlaluan dan kelewatan, hanya karena seseorang itu tidak bakal berani atau sudah tidak mampu melawan, padahal hanya karena mentang-mentang mendapat derajat pangkat yang tinggi saja. Tabiat seperti itu selain watak aniaya, begitupun orang yang dimarahi belum tentu menjadi baik, justru memungkinkan  tumbuhnya rasa benci. Seyogyanya jika marah yang sewajarnya saja yang berisi nasehat supaya menjadi baik).


Bersambung,.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar